Maling Kenthiri
Tresna. Tembung kang karonce saka aksara t-r-e-s-n-a. Nadyan naming limang aksara, nanging bisaha gawe bungah manungsa. Ora mung bungah, bisa uga gawe susah, utawa nandang lara nganti mandhege bagaskara. Tresna, nadyan amung satembung, nanging bisa gawe lena, ora trima lan sengsara. Mangkene rasaning ati/nandang wuyung marang nimas/kepikiran esuk sore/mangan ngombe ora enak/dhuh nimas, pepujaning nala/sun pengin ketemu sira/mugaha sinadhing bisa Tembang asmaradana kang kawetu saka pangucape Kenthiri sing lagi nandang wuyung marang Dewi Sirep, putri Mbok Randha Suganti saka Sapetik, Sulang, Rembang. “Bakal daksandhing awakmu, Nyai,” pangucape Kenthiri jroning ati. Pirsa yen putrane tresna marang Dewi Sirep, Kyai Ageng Pancuran banjur ngutus adhi-adhine. Ora liya, ngutus nglamar Dewi Sirep mrih gelem dhaup karo Kenthiri. Adhi-adhine Kyai Ageng Pancuran gage budhal menyang Sulang, Rembang. Angin sumilir. Panase srengenge sajak nggodha kulit. Ing emperan omah tuwa, kanthi leme...