Maling Kenthiri



Tresna. Tembung kang karonce saka aksara t-r-e-s-n-a. Nadyan naming limang aksara, nanging bisaha gawe bungah manungsa. Ora mung bungah, bisa uga gawe susah, utawa nandang lara nganti mandhege bagaskara. Tresna, nadyan amung satembung, nanging bisa gawe lena, ora trima lan sengsara.
Mangkene rasaning ati/nandang wuyung marang nimas/kepikiran esuk sore/mangan ngombe ora enak/dhuh nimas, pepujaning nala/sun pengin ketemu sira/mugaha sinadhing bisa
Tembang asmaradana kang kawetu saka pangucape Kenthiri sing lagi nandang wuyung marang Dewi Sirep, putri Mbok Randha Suganti saka Sapetik, Sulang, Rembang. “Bakal daksandhing awakmu, Nyai,” pangucape Kenthiri jroning ati.
Pirsa yen putrane tresna marang Dewi Sirep, Kyai Ageng Pancuran banjur ngutus adhi-adhine. Ora liya, ngutus nglamar Dewi Sirep mrih gelem dhaup karo Kenthiri. Adhi-adhine Kyai Ageng Pancuran gage budhal menyang Sulang, Rembang.
Angin sumilir. Panase srengenge sajak nggodha kulit. Ing emperan omah tuwa, kanthi lemek klasa saka pandhan katon adhi-adhine Kyai Ageng Pancuran lan Mbok Randha Suganti kang padha rembugan.
“Dados  mekaten, kisanak. Menawi keng putra Kyai Ageng Pancuran ngersakaken dhaup kalih Dewi Sirep, wonten sekawan perkawis ingkang kedah dipunlampahi. Sekawan perkawis menika nuninggih, Dhimas Kenthiri kedah siram ing Sendhang ingkang klebet tlatah Tuban. Syarat salajengipun, Dhimas Kenthiri kedah kagungan bendhe becak, bendhe Singobarong, lan bendhe Kencana. Menawi sekawan perkawis menika saget kalampahan, kula tampi lamaranipun Dhimas Kenthiri.”
Mireng ngendikane Mbok Randha Suganti, adhi-adhine Kyai Ageng Pancuran rada kaget, bubar kuwi langsung padha pamitan.
Srengenge wis ngalih ing  sisih kulon. Kahanan surup kanthi tilas-tilas srengenge kang isih padhang mau, sanalika malih dadi peteng ndhedhet lan gludhug padha saut-sautan sawetara wektu. Nadyan mangkono, udan ora gelem teka. Amung kandha lumantar claret kang metu pisan pindho ing sisih tengen angkasa.  Sajak nggawa tandha.
Ing emperan omah, katon Kenthiri, Kyai Ageng Pancuran, lan uga adhi-adhine Kyai Ageng Pancuran kang padha lungguhan. Katon praupane Kenthiri kang wis ora sabar ngenteni kabar saka adhi-adhine. Lungguhe uga ora jenak.
“Kepiye, Dhi? Anggonmu sowan menyang Sulang? Lak ya ditampa kanthi apik, ta?” pitakone Kyai Ageng Pancuran sinambi ngobahake tesbih nganggo driji-driji tangan tengene.
“Inggih ditampi kanthi renaning galih, Kakang. Nanging…” ature adhine Kyai Ageng Pancuran.
“Nanging apa, Paman?” pitakone Kenthiri.
“Sareh, Le,” ngendikane Kyai Ageng Pancuran.
“Lamaranipun saget dipuntampi bilih Dhimas Kenthiri saget netepi sekawan perkawis, Kakang,” ature adhine Kyai Ageng Pancuran.
“Apa wae bakal daksanggupi,” kandhane Kenthiri jroning ati.
“Sekawan perkawis menika, Dhimas Kenthiri kedah  siram ing Sendhang ingkang klebet tlatah Tuban. Syarat salajengipun, Dhimas Kenthiri kedah kagungan bendhe becak, bendhe Singobarong, lan bendhe Kencana, Kakang.”
“Bakal taklakoni apa kang dadi jejaluke Dewi Sirep, Rama. Bakal daklakoni,” kandhane Kenthiri njingkat saka lungguhe.
“Sing sareh anakku, aja grusa-grusu. Tresna iku ora amung babagan rasa, nanging nalar uga digunakake. Nanging, upama awakmu wis teteg, ya rama amung bisa mangestoni wae. Sing ngati-ati patang perkara mau ora gampang,” ngendikane Kyai Ageng Pancuran.
“Kula mesti saget rama, kangge Dewi Sirep, punapa kemawon bakal daklakoni,pangestunipun Rama.”
Kyai Ageng Pancuran amung mesem sinambi nyawang putrane kang lagi kasmaran. Nadyan panjenengane isih rada nduweni rasa cubriya.
Grimis alon-alon teka. Gludhug banjur meneng klakep, dijujug derese udan. Saka uni tik tik, tumuju klothak, klothak. Kyai Ageng Pancuran, adhi-adhine banjur mlebu omah. Kenthiri isih ning emperan. Ngadheg, mandeng tumurune udan.
“Bakal dakgayuh sliramu, Dewi Sirep. Nadyan aku reti kabeh mau ora gampang,” kandhane Kenthiri nyedhak ing udan sinambi mbukak tangan tengene nganti teles dening banyu udan banjur ngremet banyu udan.
Srengenge gumanti. Obah osiking angin kadhang kala nggegirisi. Krenteging tekad nggawa Kenthiri nglakoni apa kang dadi panyuwune Dewi Sirep. Rasa tresna dadi cilaka, nalika tresna diganti dening liya. Ya dening liya, Jaka Selakan. Nesu, ya Kenthiri nesu, nalika krungu kabar Dewi Sirep dilamar Jaka Selakan. Nesu amarga beda kahanan, kabare lamaran mau langsung ditampa dening Mbok Randha.
Adu kasekten, ya dilakoni dening Kenthiri. Jaka Selakan dicegat dening Kenthiri ana ing Kali Modhang, kang manggon  ing sawetane Cepu.  Jaka Selakan kalah, Kenthiri ayem.
Kenthiri  nutukake laku menyang Tuban. Netepi sarat kanggo nglamar pepujaning ati, Dewi Sirep. Tutuke laku menyang Tuban, ngelingake Kenthiri babagan pawarta upama ana pawongan kang nduwe pusaka kang dikarepe. Kaya kilat nyamber, Kenthiri banjur nemoni Mbok Randha Suli ing dukuh Mbandingan.
“Mbok, panjenengan kagungan  pusaka bendhe becak?” pitakone Kenthiri marang Mbok Randha Suli.
“Ngapunten kisanak. Mbok mboten gadhah,” wangsulane Mbok Randha Suli kanthi tenang.
“Mbok, panjenengan gadhah pusaka bendhe becak?” pitakone kaping pindho.
“Mboten kisanak. Kula naming tiyang ndesa biasa, mokal menawi kula kagungan pusaka,” wangsulane Mbok Randha Suli isih tenang.
Getihe Kenthiri samsaya umub, rumangsa dibodhoni dening Mbok Randha Suli. Kaping telu, Kenthiri coba takon maneh. “Mbok! Aja ngapusi! Sampeyan ora reti sapa aku!” kandhane Kenthiri kanthi swara banter, mripate katon mentholo.
Mbok Randha Suli katon keweden. “Estu kisanak kula mboten kagungan,” kandhane Mbok Randha Suli keweden. Nggegem klambine kenceng banget.
Kenthiri isih meksa. Mbok Randha Suli bengok-bengok. Bengoke Mbok Randha Suli nganti krungu dening anake, Jaka Becak. Weruh kahanan kaya mangkono, Jaka Becak banjur nulungi biyunge.  Kenthiri isih tetep meksa. Kahanan samsaya ruwet, pungkasane Kenthiri lan Jaka Becak tandhing. Jaka Becak seda. Wujude malih dadi Bendhe Becak. Weruh kahanan mangkono Mbok Randha Suli amnung bisa nangisi sedane putrane. Kenthiri banjur lunga, nggawa pusaka Bendhe Becak kang wis dientukna.
Atine Kenthiri rada ayem. Pusaka kapisan wis digenggem ing tangan. Kenthiri nutukake laku nggoleki pusaka liyane, yaiku Bendhe Singobarong lan Bendhe Kencana kagungane Mbok Hira ing Tuban lan Ranggayuda, Bupati Semarang. Lakune angin nuntun Kenthiri menyang Semarang. Kayadene wong mlaku, sakngati-atine mesti bakal kesandhung. Nalika semana, Kenthiri konangan dening Punggawa Kadipaten. Kenthiri banjur mlayu njenggirat. Ing tengah dalan, pepalang wis ngalang. Ya, Kenthiri ketemu Jaka Sanggar, rombongan rampok, uga abdine Ki Gedhe Tuguan. Adu kasekten ora bisa dipupus.
“Heh. Heh. Heh,” swara ambegane Kenthiri ora ketata sabubare tandhing karo Jaka Sanggar. “Wadhuh! Jaka Sanggar mati. Dhuh, piye iki?”
Kahanan mangkono ndadekake Kenthiri wedi. Pikirane wis ora karu-karuan genahe. Dheweke banjur mlayu lan ndhelik ing Jepon, Blora. Teteg kang wis tenanan gelem ora gelem kudu pupus ing tengah dalan amarga mateni abdi Ki Gedhe Tuguan. Ya, Kenthiri mupus wewayangane kanggo sesandhingan karo Dewi Sirep ing Sulang.
Blora. Tlatah kang ndadekake Kenthiri dadi manungsa kang beda. Watak ora tegelan nyawang kahanan  warga Kawengan kang dijajah Landa ndadekake Kenthiri maling. Ya, maling, nanging kanggo kebutuhane wong liya, ateges ora kanggo seneng-seneng dhewe.  Maling bandhane Landa. Banjur didum-dumake marang warga. 
Kenthiri, pancen sekti mandraguna. Dheweke nyolong kerep konangan, nanging anehe ora bisa dicekel sapa wae.
“Maling! Maling! Maling! Kena kowe! Modar! Mo….,” kandhane tentara Landa ameh nggebuki Kenthiri. Nanging, nganggo kasektene, Kenthiri banjur mlebu lemah. Tentara Landha padha kaget lan gumun. Gumun kang ora bisa tinemu nalar.
Seje dina Kenthiri uga ameh kecekel. Kanthi kasektene dheweke nemplek wit kaya cecak utawa sawiyah kang nemplek ing tembok.
Sapinter-pintere bajing mencolot mesthi bakal tiba. Kayata Kenthiri. Sapinter-pintere Kenthiri ora bisa dicekel, mesti bakal bisa kecekel.
“Maling! Maling! Maling!” swarane wong kang dimalingi lan kentongan saut-sautan kairing swara gedebugan playune warga kang ngoyak Kenthiri.
Kenthiri terus mlayu, ngliwati kebon, alas, lan dhadhahan. Terus mlayu lan mlayu. Pancen dina kuwi apese Kenthiri, nalika mlayu ora ngati-ati. Kesrimpet oyot tales. Ya, sanalika dheweke seda.

Kadedayan mau ndadekake warga ing desa Kawengan, Jepon mligine kidul lepen  ora wani nandur tales. Kapitayan kang seprene dipercaya, yen ana wong nandur tales, lan talese thukul bakal kena pageblug. Carita iki isih diuri-uri nganti saiki, lan kondhang kanthi sebutan Maling Kenthiri.
cerkak dening Uri Pradanasari. 
cerkak kaemot ing buku Kumpulan Tokoh Mitos pesisiran tahun 2016 

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Sejarah Sastra Jawa Modern Pra Kemerdekaan

Sastra Jawa Modern Pra Kemerdekaan