Dewi Lanjar (Versi Pekalongan, Pemalang, Tegal, dan Brebes)
Lir ambune lemah kang pisanan ketekan banyu udan. Sedhep karasa lan nggawe bungahing nala. Kayadene bungahing kupu nalika ketemu maduning kembang. Utawa tentreming gegodhongan nalika krungu swarane manuk kang padha tetembangan. Ya, iku bisa kasebut tresna. Gawe rasa ayem, lan rena, kaya kang dirasakake Dewi Rara Kuning lan kembenging atine. Dina lumaku, sasi gumanti, tahun wis diliwati kanthi bungah, amarga ana pepujaning ati kang gemati. Tutug orane laku manungsa ora ana kang pirsa, kajaba sing Maha Kuwasa. Ora dinyana, nalika tresna wis nandhes ing nala, kahanan kandha beda. Pati kang mupus rasa bungah, nalika Dewi Rara Kuning kelangan pepujaning ati amarga gerah. Rasa-rasane ngungkuli perihe nalika kulit kang nglocop banjur disawuri uyah. Wektu terus lumaku. Tresnane Dewi Rara Kuning marang pepujaning ati ora kandheg. Panjenengane tetep isih dhewe, urung gelem ditembung sapa wae. Nadyan direbutake dening para mudha nganti padha perang lan padha nemoni patine. Dewi Rara...