Arung Bondan
Wong enom iku terus mlaku. Sikile nyamper-nyamper suket lan nyandung-nyandung watu ana ing sakdawane dalan. Dalanan kang isih arupa lemah iku saya lunyu merga teles kesiram banyu udan. Udan wis patara suwe anggone nyambangi bumi Medang Kamulan. Suket-suketan saya ijo royo-royo. Tethukulan tanduran uga padha trubus ngrembaka. Yen kalane lagi terang saka udan, manuk-manuk padha miber-miber, mencok ana ing pang-pang wit kang teles. Suwarane gawe rame swasana. Ananging kahanan mau, saya nggawe atine Bondan ora bisa lerem nggone golek guru. Wong kang isih umur welasan iku terus mlaku. Ana ing sakdawane dalan dheweke tetep tuhu marang gegayuhane kang thukul saka telenging ati. “Jagad iki bakal tak ideri yen aku durung nemu gegayuhanku,” batine Bondan sinambi nggegem tangane saya ngepel rapet. Ana ing tengahing dalan kang sepi mamring iku, Bondan kelingan Biyunge. Nalika lunga saka omah, ya Biyunge kang nyekeli tangane. Tangan kang wus ora rosa. Nanging Bondan ngrasa yen tangan iku, ta...