Soreng Pati
Udan leren tumetese ing bumi. Langit kang peteng dadi padhang, merga banyu udan wis tumiba ana ing sakjembare tlatah Kedhunglugu. Srengenge wis ora kalingan mega mendhung. Para warga padha metu saka omah. Ya, sakdhurunge udan tumetes maneh, akeh para wanita ing desa iku pada golek kuban-kubanan. Dalanan ing tlatah kono isih arupa lemah. Yen udan dadi jemek kaya bubur abang. Nalika iku ana cah enom nunggang jaran. Jaran iku mlayune saya banter, trengginas. Dalanan kang isih lunyu merga kasiram banyu udan ora ndadekake suda bantere. Cah enom iku arane, Riman. Dheweke amban sore mesthi ngajak jarane lunga menyang desa sebelah, Bathokan. Nalika iku dheweke kaget merga weruh wanita kang lagi ramban kuban. Riman saknalika ngendek tunggangane! Dheweke banjur nyelehke jaran, nali dhadhunge ana ing wit pelem. Riman banjur sawangane katuju marang wanita iku. Wanita iku pasuryane kuning langsat, mripate ngelingke marang wanita kang tau ng l airke, I bu. Ya, wanita iku nrenyuhke at...