Soreng Pati
Udan
leren tumetese ing bumi. Langit kang peteng dadi padhang, merga banyu udan wis
tumiba ana ing sakjembare tlatah Kedhunglugu. Srengenge wis ora kalingan mega
mendhung. Para warga padha metu saka omah. Ya, sakdhurunge udan tumetes maneh,
akeh para wanita ing desa iku pada golek kuban-kubanan. Dalanan ing tlatah kono
isih arupa lemah. Yen udan dadi jemek kaya bubur abang. Nalika iku ana cah enom
nunggang jaran. Jaran iku mlayune saya banter, trengginas. Dalanan kang isih lunyu merga kasiram banyu
udan ora ndadekake suda bantere.
Cah
enom iku arane, Riman. Dheweke amban sore mesthi ngajak jarane lunga menyang desa
sebelah, Bathokan. Nalika iku dheweke kaget merga weruh wanita kang lagi ramban
kuban. Riman saknalika ngendek tunggangane! Dheweke banjur nyelehke jaran, nali
dhadhunge ana ing wit pelem. Riman banjur sawangane katuju marang wanita iku. Wanita
iku pasuryane kuning langsat, mripate
ngelingke marang wanita kang tau nglairke, Ibu. Ya, wanita iku nrenyuhke atine,
Riman. Riman mlaku nyedhak, nanging wanita iku kaya rumangsa ana sing
ngindheki, banjur langsung ngedoh, sumingkir. Riman rumangsa yen wanita iku
weruh dheweke. Isin.
“Lagi
sepisan iki aku weruh wanita kaya mengkene, kadya widadari!” batine Riman
sinambi ndelok wanita kang saya ngedoh lan ninggal panggonane ramban.
Riman
langsung mbalik, tumuju ana ing wit pelem. Jaran iku lagi ngganyami sesuketan
ana ngarepe, suket kang teles merga banyu udan. Riman banjur ngelus-elur
jarane. Dheweke malah mesakke yen jaran iku dhurung nduwe turunan, ya jaran
lanang kang dadi kinasihane Riman. Tali kang ngiket ana pang wit pelem kaudhar.
Saknalika jaran iku muni banter. “Sssttt,” ujare Riman ngeneng-eneng jarane.
Riman weruh samar-samar yen wanita kang wis ana ing papan adoh iku noleh merga
suwara jaran.
“Ayo
bali, aja nggawe isin awakku,” Ujare Riman sinambi narik jaran. Saknalika
dheweke mbablas nggeblas lunga bali tumuju ana ing omahe.
Sakdhawane
dalan, dheweke isih kepikiran marang wanita kang ramban iku. Riman rumangsa wis
dudu bocah cilik maneh. “Wis wayahe aku golek sesandhingan urip,” batine Riman.
Srengenge
wis ngalih ana ing kulon. Sumorote alon-alon saya sirna. Dalan kang maune
padhang saiki saya samar. Mripate Riman saya ora jelas nggone nyawang. Dheweke
langsung mancal lan narik jarane supaya luwih cepet.
Nalika
wis tekan ngarepan omah, Riman langsung nglebokke jarane ana ing gedhokan.
Wektu iku omahe wis kebak tamu. Ya, amban srengenge wis mangslup ana ing
langit, para mudha kang seneng olah kanuragan padha menyang omahe Riman.
Para
mudha krungu suwara jarane Riman.
“Wah
iku anakku wis mulih,” Ujare Soreng Pati marang para mudha.
“Tindhak
dateng pundhi, Den?”
“Aku
ya ora ngerti. Saben sore, Riman mesthi lunga, tanpa pamit marang aku!”
Para
mudha padha njenggirat tangi. Ya, Siman wis ana ing ngarep lawang. Para mudha
iku nyalami.
“Seka
endhi, anakku?” ujare Soreng Pati kang melu ngadek saka pelungguhan.
“Kula
saking desa Bothokan, Rama.”
Sakwise
mengkono, Siman langsung melu lungguh. Ya, wengi iku para mudha kang teka saya
rame, ora kaya-kaya wengi biasane.
“Dina
apa iki?” Siman takon marang kang lungguhan ana sandhinge.
“Anggara
kasih, Den.”
“Ndalu
menika ugi, wulan purnama!”
Siman
manthuk-manthuk tandha mangerti. Dhurung
suwe anggone lelungguhan, Soreng Pati mlebu menyang senthong. Kahanan iku
ndandekkake Siman takon marang Subari, wong enom saka dhesa Bhotokan.
“Kowe
saka dhesa Bothokan?”
“Nggih,
Den. Dospundhi?”
“Aku
mau sore ana desamu, la weruh wanita kang gawe sengseme atiku.”
“Sinten
menika, Den?”
“Aku
ya ora mangerti, lagi iki wae aku nyawang wanita kaya mengkono.”
Subari
meneng, mikir. Sinambi kukur-kukur sirahe, Subari ngeling-eling sapa wanita
kang ayu ana ing desane.
“Oalah..nggih,
Den. Menika kembang desa ing Bothokan, namine Ayu Suwari.”
“Ayu
Suwari?”
“Nggih
leres menika, Den.”
Siman
saya bungah, merga jeneng wanita kang nengsemake atine wis dimangerteni
jenenge. Siman lungguh sinambi ngguyu tanpa jalarane. Kesengsem.
***
Sore
iku Siman menyang dhesa Bothokan maneh. Dheweke nunggang jaran ireng, jaran
kang ora ana liya trengginase ing tlatah Kedunglugu. Jaran kang nduweni mung
penggede-penggede. Ora ana liya!
Subari
kang asring ana padhepokane wis menehi ancer-ancer omahe si kembang desa,
Suwari. Wektu iku langit katon terang nggalinthang. Sumorote srengenge ora
kalingan mega mendhung kaya dina wingi. “Suwari,” batine Siman. Sakdawane dalan
iku batine Siman mung nyebut-nyebut : Suwari. Wanita kang nggawe edane.
“Wit
ringin sungsang, madep mangulon,” ucape Siman. Dheweke nggoleki ancer-ancer
kang dadi pathokan minangka omahe kembang desa iku. Jaran ireng iku saya cepet,
ora pantara suwe Siman wis mlebu ana ing Desa Bhotokan. Dheweke maca tulisan
ana ing gapura desa kang tinulis “Tata titi tentrem manunggaling warga gung
alit wiwarang kamulyan.”
Ana
ing sebelahe gapura iku ngrembaka wit ringin sungsang. Dheweke kaget. “Iki
omahe kembang desa iku!” batine Siman kang kebak pengarep-arep. Banjur nali
jaran ana ing sebelahe wit ringin. Siman weruh wong tuwa jejagongan sinambi
momong bocah cilik.
“Nyuwun
sewu, menika leres daleme Ayu Suwari?”
Wong
tuwa iku meneng. Kaya-kaya ora ngerti yen ana kang ngajak guneman.
“Nyuwun
sewu, menapa leres menika dalem, Suwari?” ujare Siman luwih banter.
“Apa
Cah Bagus? Kowe ngomong apa?” ujare wing tuwa iku sinambi watuk-watuk.
“Leres
menika dhaleme Suwari?”
“Suwari?”
“Nggih!
Leres.”
Wong
tuwa iku malah keweden, lan ngekep putune seret banget. Bocah cilik ana
gendhongan iku nangis njerit. Wong tuwa iku banjur mlebu ana ing omah. Sigra. Siman
ora mangerti! Kenapa wong iku wedi nalikane ngucap: Suwari? “Wong edan,”
sambate.
“Oalah,
iki dudu omahe Suwari! Omah iki madep mangetan!” batine Siman karo nggrutu!
Jaran
kang ditali ana ing jejer wit ringin sungsang kaudhar taline dening Siman.
Saknalika Siman munggah, lan jaran iku nggeblas mbablas kanthi suwara
mlengking. Bocah cilik kang lagi nangis suwarane sansaya banter.
Ana
ing dalan desa Bothokan, Siman tolah-toleh. Golek omah kang cocok marang kang
diomongke Subari. Nalika wektu golek omah iku, dheweke weruh wanita kang dadi
panujune. Ya, Suwari.
“Nimas
Ayu Suwari,” ujare Siman.
Jaran
ireng kang dadi tunggangan iku muter-muter. Banjur mandek. Siman mudhun kanthi
rasa kebak pengarep-arep. Basan Siman nyedhak, Wanita iku ndingkluk tumungkul.
Isin!
“Cah
ayu, bener jenengmu Suwari?”
“Inggih
leres!”
“Ora
usah basa krama. Aku karo kowe padha enome,” ujare Siman sinambi mesem. Nyedhak.
Siman
mandek sedhela. Sikile ngrasa kaku. Atine tratapan. Getih kaya munggah lan
ngumpul ana ing mbun-mbunan. “Suwari,” ujare Siman lirih sinambi nyawang wanita
iku tanpa kedhep. Suwari alon-alon nyawang pasuryane Siman. Banjur tumungkul
maneh!
“Apa
sampeyan kang jenenge, Siman?” ujar Suwari lirih saya tumungkul.
“Lo
kowe mangerti jenengku, Cah Ayu?” Siman kaget.
“Sapa
ta kang ora mangerti. Ana desa kene wong-wonge wis padha mangerti. Sampeyan iku
lak ya putrane Rama Soreng pati. Kang kuncara saka sugihe bandha, olah
kanuraganane,” ujare Wanita ana ing mburine Siman. Siman noleh mburi. Dheweke kaget
yen ing panggonan iku ana wong sakliyane Dheweke lan Suwari.
“Lo
kowe sapa?”
“Ngapurane
Den Siman. Aku iki Gayatri, kancane
Suwari. Hehe.”
“Gayatri?”
“Bener,
Den.”
Siman
ngrasa isin. Dakkira ora ana wong liya.
“Den,
tresnamu marang Suwari wis nyebar ana ing wong-wong desa kene. Suwari uga
kayane wis nrima, Den,” ujare gayatri sinambi mesam-mesem.
“Pancen,
wong kaya aku ngene iki lelanange jagad. Mung pingin wae, Pengeran langsung
nyembadhani. Nanging sapa sing ngomong-ngomong yen aku iki seneng Suwari.
Pancen dawane kali iku luwih dawa lambene manungsa!” batine Siman.
“Lo
Den, kok malah ngguyu dhewe?”
“Oh
iya, Nduk. Aku aku...”
“wis
ta, Den. Mangga sampeyan yen arep guneman mbi Suwari, ngapurane yen aku nganggu
sampeyan,” ujare Gayatri karo jumangkah lunga ngedoh.
Siman
ora mredulikake Gayatri kang lunga. Dheweke banjur nyawang Suwari kang ana
ngarepe.
“Aja
tumungkul ndingkluk ngono ta Cah Ayu.”
Wektu
iku langit malah dadi
mendhung. Siman ngrasa yen iki bakal udan maneh. Mangsa rendheng wis nggawe
atine Siman saya adhem saka panase tresna kang ngambra-ambra.
“Cah
Ayu, ayo golek papan kang eyup. Iki sedhela maneh udan. Aku ora pingin yen
awakmu lara.”
Suwari
manthuk tandha sarujuk. Sakdurunge Siman mbantu Suwari, nyanggani awake munggah
ing jaran, udan wis tumetes saka langit
ing dhesa Bothokan. Sigra. Siman banjur munggah lan mancal jaran nganti
nggeblas mlayu. Suwari kaget lan cekelan lengene Siman.
“Aja
banter-banter, Den!” ujare Suwari karo ndekep lengene saya kenceng.
Siman
ngajak muter-muter ana ing desa Bhotokan. Udan kang tumetes nrejang awake
Suwari kang kuning langsat. Siman ngrasa bungah tanpa kinira. Udan kang
dumadakan tibane kaya melu nyengkuyung lakune. “Matur nuwun Gusti,” batine. Jaran
ireng iku kepleset-pleset ana ing dalan kang jemek merga kebak banyun udan.
Suwari saya kenceng lan seret anggone ngekep Siman.
“Kang
Mas jare arep golek papan kang eyub?” ujare Suwari karo nrithik, awake
kadhemen.
“Apa,
kowe ngundang aku kang Mas?”
“oh...Den,
maksute!”
Siman
ngguyu cekakakan. Marem. Ana ing kiwa dalan ana rombongan wong nunggang jaran.
Siman ngendhalekke jarane supaya luwih alon. Ya, wong iku uga mandheng Siman
lan Suwari.
“Sapa
iku, Nduk?”
“Iku
Riman!” wangsule Suwari lirih ana kupinge siman.
“Riman?”
“Iya.”
Tanpa
mredulikake Siman mancal lan narik jarane. Saknalika mlayu nggeblas ana ing
omahe Suwari. Ananging rombongan wong nunggang jaran iku ana ing mburine,
ngetutke.
“Riman
iku sapa, “ pitakone Siman sinambi noleh mburi marang rombongan jaran.
Suwari
saiki malah meneng. Dheweke ngeculke alon-alon saka kekepane. Siman wis lekas
ora karuwan.
“Wong
desa kene?”
“Aku
ora ngerti, Den. Iku wong saka njaba desa?”
Siman
lan Suwari wis tekan ngarepan omah. Ya, ana ing ngarep omahe suwari iku para
rombongan uga mandek. Siman nyawang rombongan nggawa
woh-wohan lan palawija. Kates, gedang, pelem, pohung, waluh lan sapanunggalane.
Siman nuturi ana ing kupinge Suwari, “sapa sing arep lamaran?”. Sakadhurunge
Suwari njawab. Banjur ana wong lanang, pawakane gedhe dhuwur nyedhaki Siman.
“Heh,
kowe sapane Suwari?”ujar wong lanang iku.
“Prelu
apa kowe takon mengkono?”
“Aku
rene sakrombongan bakal nglamar Suwari!”
“Ha-ha-ha,”
Siman ngguyu cekakan.
Wong
lanang iku kupinge dadi abang mbranang. Pasuryana katon nesu banget. keris kang
ana ing sisipan jarike dakcekeli.
“Apa
kowe arep mateni aku,” suwarane
Siman ngampar-ampar.
Rombongan
ana mburine padha bingung. Sirahe wong-wong iku padha gedhek-gedhek. Ora
nyangka yen kahanan dadi kaya mengkene.
“Heh,
aku Riman. Jawara saka desa Sandheng. Heh bakal tak suweksuwek dhadamu!” wong
lanang iku ngacungke keris lan nyedhaki Siman.
Udan
saya deres. Suwara bledek nyamber-nyamber kupinge wong-wong kang ana desa
Bothokan. Wedhus, sapi, pitik lan kewan-kewan pada muni. Suwari nangis-nangis
karo nyekeli lengene Siman.
“Aja,
Den. Aja..” Suwari saya banter tangise. Nalika iku Siman wis nyabut keris saka
warangkane. Dheweke wegah kalah marang wong lanang ing ngarepe. Salah siji wong
saka rombongan iku nyedhaki Riman banjur nyeret lengene. Saknalika Riman
nyudhuk nganggo keris. Wong-wong ana rombongan iku pada tetangisan. Getih kang
tumetes ana ing lemah saya ilang merga kesiram banyu udan kang mili saka langit
tanpa suda.
Riman
banjur maju, lan nyuduk wetenge Siman. Nanging keris iku tan bisa nembus wetenge.
Siman malah ngguyu cekakakan.
“Saiki
giliranku wong kemenyek!”
Riman
kasuduk wetenge dening kerise Siman. Nanging wetenge Riman uga kadya waja. Tan
gampang katembus. Keris kang ana tangan iku dak bucal. Wong sakloron iku saiki
tanpa gaman ana ing tangane. Kembang-kembang lan sekabehe jurus dak tokke
marang wong kang padha sektine iku. Suwari isih nangis ana ing pojokan omah.
Ora nyana kahanan bakal kedaden kaya mengkene.
Wong
loro iku padha adu kasekten tanpa leren. Awake isih utuh tanpa tatu gaman. Bumi
ana ing dhesa iku kaya tetangisan. Udan uga tanpa leren, nyirami wong kang lagi
adu wuleteng kulit lan atosing balung. Siman lan Riman! Ringin sungsang kang
ana ngarep omahe Suwari padha ngrogolke godhong merga angin kang kenceng mobat-mabit.
“Heh,
minggira anakku,” ujare Soreng Pati kang teka saknalika.
Siman
kaget. Pasuryane saya adhem. Dheweke ora mangerti yen Ramane teka ana ing
panggonan kang kebak bilahi iku.
“Nggih,
Rama,” jawabe Siman sinambi mundhur lan mangslupke keris kang kabucal.
“Sapa
Kowe,” bengok Riman kaya suwara gelap ngampar.
Soreng
pati ora njawab. Dheweke matek aji waringin sungsang. Saknalika wit ringin kang
ana jejer pelataran iku kasamber bledek. Rombongane Siman padha mlayu nylametke
awake dhewe-dhewe. Soreng Pati maju nyedhak. Bumi kaya goyang, lindhu! Siman
saya mengkeret lan suda kewanenane.
“Ampun,
Den,” ujare Riman bengok-bengok, merga gulune diremet dening Soreng Pati.
Gulune remuk kadya pring ketiban palu.
Ngrasa
yen dheweke kalah sekti lan ampuh tinimbang Soreng Pati. Riman mlayu sakbisane.
Mlayu karo tangane nyekeli gulune kang wus ora kinira larane. Soreng Pati mung
mlaku ngetutke playune Siman kang wis ora bisa banter. “Mlayu ana endhi,
playumu wis keponthal-ponthal kaya pitik wis disembelih. Haha,” Soreng Pati ngguyu
cekakakan.
Riman
nlusup ing alas-alas. Udan wis ora patiya dheres, ananging sumribite angin saya
kenceng. Siman wis ilang akale uga
ngempet lara ana gulune. Rombongane Siman uga melu ngetutke.
“Den
sampun..sampun. Mboten usah dipun lajengaken,” panyuwune wong tuwa marang
Soreng Pati.
“Kowe
mbela cah gemblung iku,” Soreng Pati saya umop getihe sinambi nyekel gulune
wong tuwa iku. Saknalika balunge remuk lan sirah pisah saka awake.
Soreng
Pati terus ngetutke ana mburine Siman. Ora pantara suwe ing tengahing alas,
Siman kenteken daya. Ambruk rubuh, awake mbathang. Soreng Pati ngidoni awake
Siman. Saknalika kulite nglothok kaya kena jarang panas. Tangane Soreng Pati
banjur nyakar-nyakar dhadhane Siman. Dhadha iku kaudhal! jantung, rempela, ati
kang kebak getih mubal metu saka dhadha, kadya singa luwe mangan kidang.
Suwari
jebul melu ana mburine. Kembang desa iku saya njerit-njerit. Rasane kaya ana
ngimpi, yen mangerteni kahanan kang kebak bilahi. Rombongan Riman iku padha
mlayu nggencar. Palawija, woh-wohan kang arep digawe srana lamaran padha
mawut-mawut ana ing pelataran, campur getih.
Wong-wong
desa botokan padha dedelikan. Nyawang kedadeyan kang ora pada dimangerteni.
“Pak
iki ana apa?”
“Aku
ya ora ngerti. Awas aja seru-seru. Iku sing jenenge Soreng Pati, manungsa
digdaya kang ora ana tandhinge!”
“Soreng
Pati?”
“Ssttt.’
Bapak
lan anak iku guneman ana ing ngisor wit randhu. Alas iku saiki kebak getih
kacecer. Semono uga wong-wong ana ing desa Bhotokan ora ana sing wani nyedhak.
Kahanan kang nggegirisi.
Getih
saka dhadhane Riman saya mili. Warna abang getih iku saya samar-samar,merga
srengenge wis mangslup ana ing langit kulon. Suwara tangise Suwari ora leren,
sanajan luhe wis entek tumetes. Asat.
“Matur
nuwun, Rama,” ujare Siman.
“Anak
polah bapa kepradhah,” Wangsule Soreng Pati sinambi nggreget untu.
“Ngapunten
tingkah laku kula Rama,” panjaluke Siman sinambi sungkem.
“Minggata
rana! Aja ana kene,” bengoke Soreng Pati.
Siman
langsung lunga bareng Suwari. Suwari wedi yen Ramane bakal ngerti kedadeyan
kaya mengkene. Suwari lan Siman mlayu nggeblas ana ing alas kang gung
liwang-liwung. Jarane dak tinggal ana pelatarane ngarep omah.
“Nimas
Ayu Suwari, Ramamu apa ora nggoleki?”
“Mesthi
nggoleki, Den. Ramaku iku wong kang waskita,” ujare Suwari sinambi ngelap luh ana pipine.
“Wis
ora usah mbok pikir. Iki kabeh
pancen wis garise Gusti,” Siman ngedhem-ngedhem.
Wong
loro iku terus mlaku mangetan. Ana ing alas iku, Siman uga bingung lan ora
gerti bisa metu saka alas kang gung liwang-liwung iki. Siman terus mlaku tanpa
leren. Ora let suwe ana kewan kunang kang cacahe puluhan. Padha mabur pating klinter. Siman Lan Suwari
nyadhaki kewan iku. Kunang-kunang iku nggerombol kadya tawon.
“Kok
aneh Den. Kunang iku kadya tawon!”
Wong
sakloron iku ngetutke lakune
kunang.
Oara pantara suwe Siman weruh cahya padha kremelip.
“Damar
iku, Nduk”
“Lo
iya, Den. Dewe wis mlebu ana ing dhesa iki, “Ujare Suwari Sinambi mesem.
Bungah.
Siman
banjur nyedhaki wong tuwa kang lagu lungguh thenguk-thenguk ana pinggir omahe.
“Nuwun
sewu, Mbah. Mriki desa menapa?”
Wong
tuwa iku mung meneng, tanpa ngucap. Siman lan Suwari ngrasa mogol. Wong sak
loron iku banjur mlaku maneh ana ing ratan desa iku. Ora let suwe ana rombongan
nunggang jaran kang banter. Suwarane mlengking. Suwari nganti ngrasa gumeter
marega siikile jaran kang mancal bumi.
“Lo
iki, iki manungsane!” bengok wong kang nunggang jaran kang keri saka
rombongane. Saknalika rombongan kang ndisik padha mbalik lan muter.
“Sapa
kowe?”
“Menenga
kowe Siman! Kowe kang mateni Riman, putrane Soreng Rangkut?”
Siman
meneng lan kaget. Suwari langsung ngekep Siman Seka mburi.
“Nduk,
kowe mlayua. Aja ana kene. Cepet mlayu. Mlayu ana alas mau maneh!”
Suwari
malah nangis. Dheweke bingung yen kudu lunga ijen tanpa ana kang ngancani. Wong
kang ana nduwur jaran iku langsaung medun. Nyekel gulune Siman. Saknalika
Suwari mlayu nggeblas sinambi njerit tangisan.
Siman nyabut kerise, lan kasuduke
ana ing mungsuh. Getih muncrat campur regedan kang ana waduke. Wektu iku Siman
wis kakepung dening rombongan jaran.
“Iki
bagianku. Kowe sing mateni anakku?”
Siman
mung meneng. Pasuryane saya abang mbranang. Nesu!dheweke banjur adu kasekten
denning wong kang ngaku ramane Riman. Ya, Siman tanpa nduweni jirih langsung
nyuduk keris kang kebak getih. Keris iku malah tugel dadi loro. Wong-wong ana
rombongan iku padha ngguyu cekakakn. Ngece. “Heh tampanen iki,” sinambi mbengok
wong iku malu nganggo gadha. Sirahe siman saknalika ajur mumur. Polo patinng
cruwil mletik ana ing tengah ratan. Wong-wong padha ngguyu nganti
kepejeng-pejeng.
“Den,
ingkang mejahi putranipun panjenengan menika sanes tiyan menika,” ujare salah
siji wong sinambi ngacungi jisisme Siman kang tanpa sirah.
“Lo
Sapa?”
“Miturut
kabar, ingkang mejahi menika Soreng Pati, Ramanipun tiyang menika,” wong iku
njawab karo nuding-nuding jisisme Siman Maneh.
“Soreng
Pati?”
“Leres
menika?”
“Ayo
lunga nggolek Soreng Pati!” Soreng Rangkut bramantya!
***
Soreng
Pati lagi lelungguhan ana ing kursi njaba omah. Para murid kang sinebat putra
wayah padha meneng ngrungakke wejangane Soren Pati. Ora let suwe, Soreng Pati
lan para murid pada noleh mburi. Ya, wektu iku wis teka rombongan wong nunggang
jaran kang cacahe puluhan.
“Soreng
Rangkut,” ujare Soreng Pati sinambi tangi saka lungguhe. Dheweke ngrasa kangen
banget marang kanca lawas iku.
“Ayo
padha nyambut kancaku, Soreng Rangkut!”
Wong-wong
enom iku padha tangi ngadek. Soreng Pati banjur jumangkah mlaku nyedhak Soreng
Rangkut. Pasuryane Soreng Rangkut semu abang ireng.
“Meduna
Rangkut. Wis suwe anggone dhewe ora lelungguhan,” ujare Soreng Pati sinambi
mesem ngguyu.
Soreng
rangkut medun saka jarane. Dheweke isih meneng lan nggreget untu. Netrane abang
mandeng Soreng Pati. Pasuryane wong-wong rombongane Soreng Rangkut iku uga
mengkono. Sakwise mudun, Soreng Pati langsung nyalami. Nanging tangane Soreng
Pati katampik.
“Lo
ana apa?”
“Ngapa
kowe mateni anakku?”
“Anakmu?”
Soreng Pati kaget. Yen dina wingi manungsa kang disuwek-suwek dhadhane iku
anake Soreng Rangkut. Kaget. Gedhek-gedhek.
“Iku
anakmu?” pitakone Soreng Pati.
Soreng
Rangkut langsung ngantem dhadhane Soreng Pati. Wong loro iku adu kasekten. Para
rombongan padha nyumikir. Para muride Soreng Pati ora mengerti ana kedaden apa.
Kabeh padha gumun.
“Ana
apa iki kang?” pitakone salah sijine murid soreng Pati.
“Aku
ya ora mangerti. Awas aja cedhak-chedhak, mbebayani!”
Soreng
Pati mundhur, dheweke matek aji waringin Sungsang. Saknalika dheweke dadi gedhe
nggegirisi kaya buta. Nanging Soreng rangkut uga mengkono, Aji Waringin
Sungsang uga nduweni. Banjur wong loro iku tiwikrama malih buta. Wong-wong ana
sakkiwa tengene
padha mundhur lan keweden. Nyumingkir.
Ananging
wongsakloron iku ora nemu celah. Adu kasekten iku kaya muspra. Wuleting kulit
lan atosing balung wis ora bisa katembus dening gaman. Bebasan wis ora tedhas
tepak paluning pandhe!
Wong
loro iku banjur mandeg anggone adu kasekten. Merga kaget yen ana ngarepe ana
Soreng Rangkut. Brengose kang kaya duk klapa aren, gawe ngidap-ngidap sapa wae
kang ndeleng.
“Kowe
mateni anakku, Suwari!” ujare Soreng Rana karo Mandeng Soreng Rangkut!
Soreng
Rangkut nyekel ndas manungsa. Ana tangane kebak getih.
“Sapa
sing mateni anakmu?” Soreng Rana takon balik.
“Iki
ndas manungsa sing tak gawa iki muridmu? Iki sing ngetekki anakku!’ Soreng Rana
bengok seru. Netrane abang kaya geni murup.
Wong-wong
ana ing pelataran omahe Soreng Pati iku padha
bingung. Sejatine iki ana kedaden apa. Wanci wis bali wengi. Srengene
mangslup ana ing cakrawala. wong kang angon wedhus, bebek padha nggiring kewane
ana ing kandhang. Nalikane liwat omahe Soreng Pati, wong-wong iku padha mandeg
lan gumun. Gedhek-gedhek!
Soreng
telu iku padha pandheng-pandhengan netra. Uga padha nggreget untu. Anteng ngadhek
karo tangan ngepel. Kenceng.
“Pa
dha ja ya nya ma ga ba tha nga.”
Wong
telu iku noleh lan nggoleki asale suwara.
Soreng Pati, Soreng Rana, lan Soreng rangkut kaget. Ya, jebul iku Eyang Senori.
Wong telu saknalika padha sumujud marang gurune. Kabeh padha isin.
“Kabeh
merga napsu kang ora bisa dakkendalekna. Kamangka napsu iku ora bisa nggawe ati
tenterem yen mbok umbar. Yen napsu ora katurutan iku bisa nggawe ajuring
pikir!”
“Dhuh,
Eyang. Anak kula dipun pejahi kaliyan...”
“Wis
ngerti aku, Ngger. Kowe kabeh iku merga ora bisa ngalahke awake dhewe. Gawe apa
manungsa bisa ngalahke 1000 manungsa yen ora bisa ngalahke awake dhewe? Gawe
apa?’ pitakone Eyang Senori Sambi netrane mandeng wong telu iku.
“Kamangka
kabeh iku wis kelakon. Ora bisa dibaleni maneh. Lerema atimu, Ngger!”
Wong
telu iku padha meneng. Menjep. Lan neteske waspa!
Komentar
Posting Komentar