Dewi Lanjar (Versi Pekalongan, Pemalang, Tegal, dan Brebes)



Lir ambune lemah kang pisanan ketekan banyu udan. Sedhep karasa lan nggawe bungahing nala. Kayadene bungahing kupu nalika ketemu maduning kembang. Utawa tentreming gegodhongan nalika krungu swarane manuk kang padha tetembangan. Ya, iku bisa kasebut tresna. Gawe rasa ayem, lan rena, kaya kang dirasakake Dewi Rara Kuning lan kembenging atine.  Dina lumaku, sasi gumanti, tahun wis diliwati kanthi bungah, amarga ana pepujaning ati kang gemati.
Tutug orane laku manungsa ora ana kang pirsa, kajaba sing Maha Kuwasa. Ora dinyana, nalika tresna wis nandhes ing nala, kahanan kandha beda. Pati kang mupus rasa bungah, nalika Dewi Rara Kuning kelangan pepujaning ati amarga gerah. Rasa-rasane ngungkuli perihe nalika kulit kang nglocop banjur disawuri uyah.
Wektu terus lumaku. Tresnane Dewi Rara Kuning marang pepujaning ati ora kandheg. Panjenengane tetep isih dhewe, urung gelem ditembung sapa wae. Nadyan direbutake dening para mudha nganti padha perang lan padha nemoni patine. Dewi Rara Kuning tetep ora kersa. Alesane siji, tresna iku isih ana kanggo pepujaning nala kang wis seda.
Ing emperan omah katon Dewi Rara Kuning kang lagi nyisiki kayu pohung. Praupane sajak ora seger. Katon nglangut. Sedhela nyisiki, sedhela mandheg. Nalika mandheg olehe nyisiki kayu pohung, kadhang kala luhe ndlewer dhewe. Tiba saka mripat nelesi pipi. Kelingan mangsa nalika isih bareng-bareng karo pepujaning ati.
“Ndhuk,” swara alus kang nyedhaki Dewi Rara Kuning.
Dewi Rara Kuning banjur ngelapi luhe. “Dalem, Pak.”
Bapake Dewi Rara Kuning mesem, banjur ngelus-elus rambute Dewi Rara Kuning kang digelung.
“Sing sareh cah ayu. Iki wis dalane saka Gusti, Ndhuk. Oleh gela, nanging aja kebablasen, ora apik,” ngendikane Bapake Rara Kuning alus.
“Inggih, Pak,” wangsulane Dewi Rara Kuning cekak banjur mesem tipis.
Pirsa kahanan kaya mangkono ndadekake tiyang sepuhe Dewi Rara Kuning prihatin. Cara kang dianggep paling wicaksana kanggo nambani Dewi Rara Kuning yaiku njodhohake Dewi Rara Kuning. Ya, Dewi Rara Kuning dijodhohake dening bapake karo jaka kang dadi pilihane bapake.
Ngerti apa kang dadi panyuwune tiyang sepuhe Dewi Rara Kuning, ndadekake panjenengane bingung. Ing ngarep omah, lungguh slonjor ing lincak, tangane tumemplek ing dhengkul, gegere kasendhekake gedheg, gulune diangkat rada ndhangak, kanthi mripat merem Dewi Rara Kuning nyoba nata ambegan lan menggalih rada jero apa kang diaturake dening bapakne.
“Dhuh Gusti, apuranta salah lan lepat kula. Kula sampun mboten kiyat, Gusti. Paringana pepadhang kangge kula, supados mboten nguciwani bapak, ibu, lan ugi kula, Gusti.”
Dewi Rara Kuning isih merem, nyoba nata ambegan meneh.
“Dhuh Kakang, yen ta kula kedah dhaup kalih tiyang sanes, apuranta kula, Kakang.”
Tes. Tes. Luh bali tumetes nelesi pipine Dewi Rara Kuning. Dewi Rara Kuning nyoba nata ambegan. Rasane atine isih lara banget. Abot. Lan ana sing ngganjel abot banget ing dhadha sisih kiwa. Dewi Rara Kuning coba mbukak paningale alon-alon. Panyawange tumuju srengenge kang wis meh angslup. Anteng. Kadhang kala krungu swarane gegodhongan kang tiba saka pange, kagawe dening angin. Dewi Rara Kuning isih tetep anteng, lan meneng.
Njedhule surya dadi tandha gumantine dina. Ya, wis teteg apa kang dadi kekarepe Dewi Rara Kuning, nadyan perkara mau ora gampang. Apa kang dadi panyuwune Bapak lan Ibune Dewi Rara Kuning disembadani dening Dewi Rara Kuning. Ora liya, alesane Dewi Rara Kuning ora kepengin nggawe cuwaning wong tuwa. Palakrama banjur ditindakna.
Dina-dina lumaku. Kekarepan Dewi Rara Kuning nyenengake tiyang sepuhe ora kaya kang dikarepake. Perkara mau ora gampang, amarga ati kang dadi tarenan. Nadyan wis dadi garwa wong liya. Tetep wae Dewi Rara Kuning ora ngrasa seneng lan tentrem. Alesane tetep padha, amarga palakrama karo pemudha kang ora dadi kembanging atine.
Lakune Dewi Rara Kuning nggawa Dewi Rara Kuning ing pinggir pereng. Sepi. Amung ana wit-witan. Swarane pring, sing kadhang kala pating krengket amarga kena angin. Katon ilining banyu ing jurang mau ora pati deres, nadyan mangkono akeh watu lan padhas-padhas gedhe. Maneka suket lan lumut katon ngrembuyung ing pinggir pereng. Katon Dewi Rara Kuning kang ngadheg ing pinggir pereng. Kanthi dleweran luh, Dewi Rara Kuning nyoba ameh mlumpat saka pereng mau.
Nalika ameh mlumpat, atine Dewi Rara Kuning dadi ciut. Kelingan. Ya, kelingan marang Sing Kuwasa. “Dhuh Gusti, apuranta salah lan dosa kula,” ukara kang kawetu saka pangucape Dewi Rara Kuning alon. Luhe dleweran ing pipine. Dewi Rara Kuning banjur rada ngadoh saka pereng lan lungguh ndlosor semendhe wit gedhe. Luhe isih dleweran.
Cuwaning ati nandang duka, ndadekake Dewi Rara Kuning anteng banjur keturon, semendhe wit gedhe.
“Kuning, tutukna lakumu menyang tengahing sisih wetan lan elor,” swara kang keprungu saka angkasa. Swarane gedhe, nanging ora ana wujude.
Dewi Rara Kuning kaget, banjur tangi gregah. Awake teles kringet. Gelungane katon ucul. Dewi Rara Kuning banjur nata ambegan.
Dewi Rara Kuning terus mlaku, ngliwati alas, tanpa ngrasa kesel. Rambute ora tumata, sandhangane katon reget. Praupane katon campur lemah lan kringet.  Dina-dina kaliwat, ing satengahing dalan, panjenengane ketemu pawongan. Ya, ora liya pawongan mau Panembahan Senopati, uga punggawane, jejuluk Singoranu.
 “Ndhuk, cah ayu, tutukna lakumu nganti tekan lor. Tekan segara kidul,” ngendikane Panembahan Senopati.
Dewi Rara Kuning manut apa sing dingendikakake Panembahan Senopati. Panjenengane, terus mlaku mangalor. Tekan Segara Kidul, Dewi Lanjar utawa Dewi Rara  Kuning tapa. Dina gumanti, sasi uga terus ganti, Dewi Lanjar isih tetep tapa ing Pante Selatan. Pangajabe bisa ketemu Nyai Rara Kidul mrih meguru mring panjenengane. Apa kang dadi pangajabe Dewi Lanjar kasembadan. Nyai Rara Kidul nampa tekane Dewi Lanjar. Wiwit dina iku, Dewi Lanjar dadi muride Nyai Rara Kidul.
Tiba angslupe srengenge sajak nggawa lan nggawe crita kang seje saben dinane. Babagan alas, segara, manungsa, lan apa kang dikarepake. Raden Bahu, utusan saka raja Mataram mbabat alas Gambringan, alas kang wingit. Kahanan mau ndadekake Nyai Rara Kidul duka amarga durung ana tembung dhateng Nyai Rara Kidul kanggo mbabat alas.
Dukane Nyai Rara Kidul, ndadekake panjenengane nimbali Dewi Lanjar. Dewi Lanjar oleh dhawuh saka Nyai Rara Kidul kanggo menggak usahane Raden Bahu. Kanthi teteging manah, Dewi Lanjar nindakake dhawuh saka Nyai Rara Kidul, lan gage-gage tindak alas Gambringan kairing prajurit-prajuritipun.
Satekane alas Gambringan, Dewi Lanjar ngutus prajurit-prajurite kanggo nganggu Raden Bahu kang lagi mbabat alas. Raden Bahu terus diganggu. Kahanan mau ndadekake Raden Bahu ora jenak. Panjenengane tapa, nyuwun pitedah mring Gusti uga nyuwun kasekten kanggo ngalahake Dewi Lanjar. Kanthi cara mau, Raden Bahu bisa ngalahake Dewi Lanjar lan prajurit-prajurite.  Pungkasane Dewi Lanjar manut lan kersa ngewangi Raden Bahu mbukak alas Gambiringan.
Dewi Lanjar ngrasa isin. Rasa kang nggawe panjenengane wedi bali menyang segara kidul. Panjenengane nduweni pepinginan netep ing Pekalongan. Sawijining dina, Dewi Lanjar sowan menyang Segara Kidul, ora liya kepanggih Nyai Rara Kidul.
“Nyai, nyuwun pangapunten sanget. Kula sowan dhateng mriki badhe matur, bilih kula anggadhahi papenginan badhe mapan ing tlatah Pekalongan,” ature Dewi Lanjar rada wedi.
Nyai Rara Kidul nyumanggakake apa kang dadi pepinginane Dewi Lanjar. Panjenengane ngendika yen Dewi Lanjar kudu ngajarake ilmu kang wis diajarake Nyai Rara Kidul marang Dewi Lanjar. Kanthi renaning driya, Dewi Lanjar ngestokake dhawuhe Nyai Rara Kidul. Panjenengane banjur nglumpukake para nayaka, lan ngajak netep ing Pekalongan.
Dewi Lanjar lan para nayaka pindhah menyang Pekalongan, lan ngedekake desa ing Slamaran. Kaya mijet wohing ranti, tlatah Slamaran rame lan dadi kedhaton kang madheg dhewe, ucul saka wewengkon Bahurekso. Dewi Lanjar dadi ratu ing kedhaton mau. Kasektene Dewi Lanjar, ndadekake kedhaton mau dadi kedhaton kasiluman ing Slam

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Sejarah Sastra Jawa Modern Pra Kemerdekaan

Sastra Jawa Modern Pra Kemerdekaan