Arung Bondan
Wong enom iku terus mlaku. Sikile nyamper-nyamper
suket lan nyandung-nyandung watu ana ing sakdawane dalan. Dalanan kang isih
arupa lemah iku saya lunyu merga teles kesiram banyu udan. Udan wis patara suwe
anggone nyambangi bumi Medang Kamulan. Suket-suketan saya ijo royo-royo. Tethukulan
tanduran uga padha trubus ngrembaka. Yen kalane lagi terang saka udan,
manuk-manuk padha miber-miber, mencok ana ing pang-pang wit kang teles. Suwarane
gawe rame swasana. Ananging kahanan mau, saya nggawe atine Bondan ora bisa
lerem nggone golek guru. Wong kang isih umur welasan iku terus mlaku. Ana ing
sakdawane dalan dheweke tetep tuhu marang gegayuhane kang thukul saka telenging
ati.
“Jagad iki bakal tak ideri yen aku durung nemu
gegayuhanku,” batine Bondan sinambi nggegem tangane saya ngepel rapet.
Ana ing tengahing dalan kang sepi mamring iku, Bondan
kelingan Biyunge. Nalika lunga saka omah, ya Biyunge kang nyekeli tangane.
Tangan kang wus ora rosa. Nanging Bondan ngrasa yen tangan iku, tangan kang
kebak welas asih. Gumetere tangan nggawe gumeter atine Bondan. Netrane Biyunge
kebak luh kang katahan supaya ora tumetes. Wektu iku cah enom iku bingung. “Apa
aku kudu mbalik? Ana omah ngrewangi gaweyane Biyung,” Bondan saya bingung.
Kelingan. Getun.
Nalika kelingan Biyunge saya kuat, mangiket, lan
mbingungke, saya gawe budrek kahanane.
Bondan kaget merga weruh ana buntut kang katon ana ing antarane wit-witan.
Kupinge uga keprungu swarane nggerengi, pikirane Bondan saya ora karuwan. Atine
tratapan. Nyas-nyasan. “Apa iku Sima. Ya, macan!”
Sikile mandheg kaku. Kringete metu saknalika. “Iki
merga aku kuwalat marang Biyung,” ujare Bondan sinambi lambene nrithik. Ana ing
langit miber manuk, mibere muter-muter. Manuk iku teka mencok ana ing pang kang
cedhak buntut kang mobat-mabit obah ngalor-ngidul. Swara nggereng saya banter.
Batine Bondan saya njerit, pingin njaluk tulung nanging karo sapa? Pingin mlayu
nanging sikile wis tumancep kaku kaya paku. Buntut iku banjur ilang
kaling-kalingan wit. Mripate Bondan isih mandheng lan tumuju marang
sakiwa-tengene wit-witan iku. Dheweke ngeleg idune. Jebul macan iku nyeret
kidang. Kidang iku wis ora obah. Getih pathing mblabar. Macan iku malah saya
nyedak marang panggone Bondan ngadeg. Cah enom iku mundhur. Ora krasa yen ana
mburi iku luwangan. Awake banjur nyoba nahan supaya ora ketlawung. Nanging apes ora bisa kaelak. Saknalika awake kang
kuru iku nyemplung ana ing luwangan. “Kebeneran iki, aku bisa umpetan saka
macan,” batine Bondan sinambi nyekeli gegere kang krasa arep pedhot.
Nalika ana njero luwangan iku, Bondan malah keprungu swara
nggerenge macan saya tambah akeh, nggenggirisi Suwara kang nggawe gumetere
awak. Ana njero batine mung kepikiran mati. Bondan ngrasa salah banget marang
Biyunge. Ana ing njero atine, makaping-kaping kepikiran Biyunge kang wis ora enom maneh. Kepikiran marang wong kang menging
supaya aja lunga, ngulandara. “Dhuh Biyung, yen aku ana omah terus, iku kaya
kodhok dikurungi bathok. Pikiranku ora tambah maju. Cupet. Dhuh Biyung ngapurane
anakmu sing brengkele, wani marang sampeyan,” ujare Bondan sinambi ngelus-ngelut
oyot wit kang ana ing luwangan. Ora pantara suwe mega ana ing langit saya
kandel, kahanan saya peteng ndedet. Bathuke bondan katetesan udan, ra ngira yen
langit kaya mbela marang awake. Udan saya deres, swara nggereng macan iku wis lamat-lamat
keprungu. Nanging Bondan ora langsung menyat lan munggah saka luwangan. Dheweke
isih nduweni rasa was-was. Wedi yen macan iku jebul isih ana ing sakiwa-tengene
panggonan, kang ora adoh saka luwangan. Pikirane dadi ora karuwan. “Apa swara
macan iku ilang merga kalah karo suwara udan?”
Banyu ana luwangan saya ngembung. Sikili Bondan wis
klelep banyu. Dheweke banjur mikir-mikir maneh, yen tetep manggon ana luwangan
kene, mesthi padha bahayane. “Dhuh kok malah dadi ngene,” Bondan ngresula
banter. Ora patara suwe, dheweke kaget yen ana swara nggereng kang luwih banter.
Swara nggereng kewan iku cedhak banget ana kupinge. Saknalika Bondan mencolot mlayu, saka luwangan. Ana
chedhake luwangan iku ana macan kang lagi rebutan pangan. Kewan iku cacahe ana
telu, untune ketok merga mangap lan nggereng tanpa leren. Kidang iku saiki mung
kari sikile. Bondan mlayu nylametke
awake dhewe. Mlayune nganti nyandhung-nyndhung watu krakal kang ana ing
sakdhawane dhalan. Arep nangis ya ora bisa, arep njerit nanging sapa sing nulungi.
Alas kang isih kebak ing wit-witan kang gedhe ndandekake kahanan peteng. Bondan
wis ora wani noleh mburi, nyawang macan kang lagi nyuwek-nyuwek awake kidang.
Dheweke malah kepikiran yen kang disuwek-suwek, lan balunge kang diremuk
nganggo untu iku awake dhewe. Mula iku dheweke saya banter anggone mlayu.
Nggeblas.
Ora krasa yen saiki Bondan wis tekan alas kang ora
patiya akeh wit-witan. Nanging akeh sesuketan kang dhuwure ngungkuli dhedhege
awake dhewe. Nalika iku dheweke banjur noleh mburi. “Jebul macan iku ora ngoyak
aku. Untung wis padha warek!” batine Bondan sinambi ngelus dhadha. Ambegane
megap-megap kaya wong kang kena lara asma. Kringete ora katon merga kecampur
banyu udan. Nanging atine isih tratapan ora karuwan. Bondan nyekeli wetenge
sinambi tumungkul. Sirahe dadi pet-petan. Kahanan kang peteng iku dadi saya
peteng, kaya-kaya getih kang ana wakae ngumpul ana sirahe. Mripate dadi abot
anggone nyawang ngarepe. “Iki dhurung aman, aku kudhu mlayu maneh,” ujare
Bondan sinambi tangane ngepel lan ngantem suket ana ngarepe. Banjur mlayu
keponthal-ponthal.
***
Sakwise nlusup-nlusup ana ing alas-alas kang gung
liwang-liwung, atine Bondan ngrasa lega. Ya, dheweke mlebu ana ing desa, kang
ora dimangerteni. Omah-omah ing desa iku wis kebak. Wong-wong wedok ana ing
desa iku pada nutu jagung. Ana ing lumpang kang ana ngarepe omah. Bondan terus
mlaku, dheweke tolah-toleh golek wong kang arep daktakoni.
“Menika wonten tlatah pundhi nggih?” pitakone Bondan
marang wong tuwa kang lagi nyunggi klapa sakjanjang.
“Menika wonten tlatah Majeti, Nak.”
“Majeti?”
“Leres menika, Nak. La badhe tindhak wonten pundhi?”
pitakone wong tuwa iku sinambi nyelehke klapa.
“Kula boten mangertos. Kula saweg padhos guru.”
“Guru?”
“Nggih, guru.”
“Gurunipun wonten tlatah mriki?”
“Boten, Mbah. Kula padhos Guru ingkang waskita.
Ingkang saged nuduhi kula margi manembah marang Gusti,” ujare Bondan saya
mantep.
Wong tuwa iku mung manthuk-manthuk. Banjur malah
gedhek-gedhek.
“Menapa panjenengan mangertos guru ingkang kula
maksud?”
“Wah angel iku, Nak. Saiki golek wong kang bener-bener
ngerti lakune urip iku kadya golek dom ana damen. Wong ngerti iku sithik,
nanging luwih sithik maneh wong ngerti uga nglakoni apa kang dingerteni.
Nanging isih luwih sithik maneh wong ngerti, nglakoni, lan bisa nglakoni apa
kang dimangerteni,” ujare wong tuwa iku sing saiki wis ora basa krama marang
Bondan.
Bondan saiki sing manthuk-manthuk tandha mudeng.
Banjur gedhek-gedhek merga gumun kandane wong tuwa iku.
“Tiyang kados mekaten niku wonten boten ing tlatah
mriki?”
“Aku ora ngerti, Nak. Nanging goleka, muga-muga Gusti
ngijabahi gegayuhanmu,” Wong tuwa iku ngangkat klapa lan nyunggi maneh. Dheweke
banjur neruske mlaku. Bondan meneng. Sikile kaya tumancep ana ing lemah. “Ana
endi aku golek wong kang kaya mengkono?” Bondan takon marang awake dhewe. Banjur dheweke mikir maneh marang ujare wong
tuwa kang lagi wae ana ngarepe. “Dhuh kenapa aku ora melu wong tuwa iku
wae,“batine.
Bondan tolah-toleh, golek wong tuwa iku, nanging wis
ra ana, ilang saka pandhengan. Dheweke akhire mlaku terus, nyusuri desa. Sikile
ngrasa perih, bareng dheweke nyawang jebul getihe wis pating mblabar. Sikil iku
nyandung-nyandung watu nalikane mlayu merga ana macan kang ditemoni ing alas.
Dheweke banjur lungguh sedhela ana ing ngisor wit
ringin ing pertelon desa. Sinambi ngresiki getih ing sikile kang kecampur lemah
teles. Banjur ngadeg maneh.
“Ana apa, Ngger?”
“Menika sikil kula..” sumaure Bondan karo ngrintih.
Bondan ra ngira yen sikile kebak tatu. Dheweke lagi
Ngrasa lara. Wong kang takon iku banjur lungguh ndeprok ana ngarepe Bondan.
Bondan ngrasa pekewuh, dheweke uga lungguh. Wong ana ngarepe iku langsung
ngidoni sikile Bondan kang kebak tatu. Bondan jengkel, merga klakuan wong kang
miturut dheweke kranjingan.
“Sampeyan sapa?”
“Kula Rahardi,” Sumaure wong iku sinambi nyawang
sikile Bondan.
“Nduwe sopan santun sampeyan?”
“Kados pundi?”
“Nduwe sopan santun?”
“Dhuh, nyuwun ngapunten menawi lepat. Saestu nyuwun
ngapunten!” ujare wong iku sinambi nyalami tangane Bondan. Wong iku banjur
pamit bali.
Bondan ngadeg. Kupinge abang mbranang. Dheweke nyawang
wong kang ngidoni sikile iku kanthi rasa nesu. Dheweke banjur idu. Ngidoni
lemah ana ngarepe, sinambi mripate isih mentheleng nyawang wong kang ngaku
jenenge Rahardi. Tangane methentheng.
Ora patara suwe, Bondan ngrasa sikile ora ngrasa
perih, lara. Bondan banjur nyawang sikile kang kebak idu iku saiki dadi garing
resik ora ana tatune. Dheweke gumun.
“Loh sikilku,” batine Bondan.
Bondan ngemati sikil kang saiki dadi pulih kang sarwa
ndadak. Sirahe tumungkul. Banjur nyekel lan ngelus-elus.
“Loh ora ana tatune, aneh!”
Bondan ra ngira yen tatu kang kebak iku ilang
saknalika. Kadya bun esuk kang ilang merga panase slorot srengenge. Bondan
banjur mlayu nggoleki wong kang ngidoni sikile mau. Dheweke rumangsa yen wong
iku kang dadi musababe tamba teka lara lunga. Bondan mlayu ana dhalan kang
diliwati wong kang ngaku jenenge Rahardi mau. Ora adoh anggone mlayu, Bondan
nyawang wong iku isih mlaku ana ngarepe ora. Mlakune alon kaya macan luwe. Bondan terus mla`yu marani wong iku. Sakwise
ketututan Bondan banjur nyekel pundake.
“Nyuwun ngapunten, kula badhe nderek njenengan,” ujare
Bondan sinambi tumungkul. Isin.
“Dhuh, wonten napa?”
“Badhe ngangsu kawruh.”
“Kula niki sinten ta, Ki Sanak!”
Bondan terus ngetutke wong iku. Dheweke ngrasa isin
merga ngrumangsani yen wong kang ngidoni sikile iku wong kang winasis.
***
“Menika gubug kula, ampun kaget!”
“Nggih, nggih,” sumaure Bondan sinambi
manthuk-manthuk.
Bondan nyawang kahanan omah saka gedhek pring. Payone
saka dhamen. Ana ngarepan pelataran omah iku amba. Ana sakgrombolan wedhus kang
lagi ngganyami sesuketan ana ing pinggiran pelataran omah. Bondan banjur mlebu
ana omah iku.
“Mangga pinarak menika gubug kula.”
Bondan banjur lungguh ana timpuh ana klasa. Omah iku
rame saka swara kewan kang ana ing sakiwa tengene. Wedhus, sapi, pitik, uga
enthok. Ora sakwetara suwe ana wong wedok kang nemoni Bondan.
“Mangga, ki Sanak sinten nggih?”
“Kula menika Bondan, Mbok, hehe.”
“O nggih, kula menika semahipun Kang Rahardi.”
Rahardi banjur mlebu omah.
“Nduk, gawakake wedang sik,” ujare Rahardi marang
bojone. Bojone manthuk banjur mlebu pawon.
Bondan meneng. Pancen gulune garing merga ora klebon
banyu ing gulune. Awake pegel, lambunge ngrasa linu. Bondan banjur slonjor
sinambi ngelus-elus pupune.
“Iki awake dhewe rasah nganggo basa karma, ben akrab,”
ujare Rahardi ujuk-ujuk.
“Njenengan yuswane langkung sepuh tinimbang kula. Kula
kedah krama ta nggih!,” sumaure Bondan. Saknalika tangane mandeg ngelus pupune.
“Apa ya khudu basa? Wong ngurmati wong iku lak ya sing
penting lakune, tandhuke,” Rahardi negeske maneh.
“Iya ya Kang,” jawabe Bondan mawi ngoko.
Wong loro iku banjur nggyu cekakan. Saya raket kaya
kanca lawas kang nembe ketemu maneh. Bojone Rahardi banjur nggawa kendi.
“Mangga dunjuk.”
Bondan langsung njupuk kendi. Dheweke ngrasa ngelak
banget. Cess… banyu kang kaombe kaya udan nyiram lemah mangsa ketiga. Adhem.
Seger.
“Sampeyan ora ngombe, Kang?”
“Lagi laku iki, “ sumaure Rahardi.
“Laku?”
Kang Rahardi mung meneng. Ora njawab pitakone Bondan.
Bondan ngrasa yen Kang Rahardi iku pancen wong ora mayar. Saka netrane kang
kalem, ngemu wadi lan kebak ngelmu.
“Laku apa ya, Kang?” Bondan takon maneh.
“Saiki sampeyan ngaso dhisik wae. Awake lakya kesel
ta?”
Bondan manthuk. Dheweke banjur mlebu senthong ana omah
iku. Kang Rahardi banjur lunga saka omah, golek suket. Bondan nyelehke awak, turu mbathang. Banjur krungu
swara udan. Atine ngrasa lega, adhem. Ora patara suwe Bondan merem. Turu
angler.
***
Kaya biasane nalika esuk Bondan golek sesuketan.
Ngewangi Kang Rahardi kang ngingu wedhus lan sapi. Gheweke ngrasa ora kepenak
menawa nunut urip ana omahe. Mula saben dina Kang Rahardi lunga, dheweke mesthi
melu.
“Kang sampeyan apa ora luwe?”
“La piye?”
“Aku ora tau weruh sampeyan dhahar Kang!”
“Alah kowe wae sing ra nggatekke! La kowe ora sarapan
ta?”
Kang Rahardi takon marang Bondan nanging malah ora
dijawab. Kang Rahardi banjur noleh mburi, jebul Bondan wis nggeblak. Raine
pucet ijo lotro. Kang Rahardi banjur mbopong Bondan. Suket ana alas iku
diselehke. Ana sakdawane dalan iku, Kang Rahardi mung bisa ndedonga, muga ora
ana apa-apa marang Bondan. Ana ing tengahing dalan, Bondan malah sadar.
“Ana apa iki Kang?”
“Oalah kowe iki dhurung sarapan ta?” pitakone Kang
Rahardi.
Kang Rahardi banjur nyelehke Bondan ana ing ngisor wit
pinggir dalan.
“Ngapurane Kang. Aku iki mung penasaran, sakjane sampeyan
iku laku apa. Pirang-pirang dina ana omahe sampeyan aku ora tahu weruh sampeyan
dhahar!”
“Dhuh ngko tak critani. Saiki ayo mulih.”
Bondan manthuk. Raine wis suda pucete. Ananging awake
isih lemes ndedes. Kang Rahardi ngrangkul Bondan. Wong loro iku mlaku
alon-alon, sedhela-dhela banjur leren. Terus mlaku maneh, nganti tekan omah.
Ana pelataran omah iku, wedhuse muni. Wong loro iku
ora mredulikake.
“Ngapurane aku, Kang. Merga aku, sampeyan ora nggawa
bali suket.”
“Alah, anggep wae iki pengalaman kanggo kowe! Iki
pasinaonmu,” ujare Kang Rahardi sinambi mlangkah galur lawang. Kang Rahardi
banjur mapah Bondan menyang senthong.
“Wis kowe leren sik. Tak jukukake kendi, lan panganan
kanggo sarapanmu.”
Bondan ngrasa salah banget. Dheweke uga gumun marang
Kang Rahardi kang ora tau ketok mangane, nanging awake kuwat lan isih rosa.
“Laku apa iki?” Bondan takon marang awake dhewe.
Swara wedhus lan sapi nggawe ramene swasana. Swara
kewan kang kaliren dhurung mangan. Nalika iku wetenge Bondan uga muni kemrucuk
ora karuwan. Kaliren.
“Iki dipangan sik.”
Kang Rahardi wis nggawa wakul, lawuh, lan kendi.
Bondan langsung tanggap. Tangane nrithik nyekeli centhong.
“Ayo ta, Kang!”
“Aku arep njukuk suket sik,” ujare Kang Rahardi
langsung lunga nggeblas.
Bondan mung gedhek-gedhek ora percaya. Dheweke nalare
ora nyandhak. Pancen dheweke tau krungu crita saka Ramane ngenani Mbah Buyute.
Nalika semana Mbah Buyute tau nglakoni pasa patang puluh dina patang puluh
wengi tanpa mangan lan ngombe. Ora mung iku, saklawase patang puluh dina iku
Mbah Buyute dipendhem ana luwangan. Ambegane liwat pring kang dibolongi, lan
tumancep ana ing luwangan iku. Kadya mayit dipendhem.
Bondan takon marang awake dhewe. Nanging tetep nalare
ora nyandhak. Wektu iku awake kang lemes saya pulih, kringete metu. Sakkojure
badhan teles. Dheweke banjur tangi saka amben. Nanging sirahe ngrasa isih
mumet. Awake sempoyongan. Rasane ora karuwan.
Bondan mlaku metu saka omah. Ana pelataran ana Yu
Sudarsih, bojone Kang Rahardi. Yu Sudarsih lagi makani pitik ana ngarepan omah
iku.
“Yu!” celuke Bondan.
Yu Darsinah noleh mburi. Dheweke kaget.
“Lo kowe kok katon lemes ndeses ngono?”
“Aku semaput mau Yu,” ujare Bondan karo mringis.
“Yu, aku pingin takon-tkon mbi sampeyan, ayo mlebu omah.”
Yu Drasinah banjur melbu omah. Apa kang dadi karepe
Bondan digugu. Dheweke ngrumangsani yen Bondan iku anake dhewe. Ya, cah lanang
kang diarep-arep dadi peneruse. Yu Sukinah pancen wis suwe anggone nyuwun
marang pangeran supaya nduwe anak.
“Ana apa Cah Bagus?”
“Sakjane, bojone sampeyan iku nglakoni apa ta!”
Yu Darsinah meneng ora sumaur.
“Kenapa ta, Yu?” Bondan mbaleni pitakoni.
“Iku jarene mung laku. Urip iku lakya ana ngereme.
Weteng iku lakya sumbere hawa nepsu. Yen bisa ngendalekkna weteng iku uripe
tentrem. Ora kemrungsung. Ora manunggaling kawula wadhuk. Iku miturutku.”
Bondan saya gedhek-gedhek gumun. Dheweke ngrasa yen
saklawase urip mung nguja hawa, ngumbar nepsu.
Nalika guneman iku, wong sakloron kaget merga ana
swara saka kandang wedus, swara kaya barang tiba. Wedhuse banjur muni
saut-sautan.
“Oalah iku Kang Rahardi wis bali. Sukete diselehke!”
ujare Yu Drasinah sinambi menyat lan mlaku menyang mburi omah, kandang wedhus.
Bondan uga melu menyat saka lungguhe, dheweke nututi, Yu Darsinah. Ana kandang,
wedhus-wedhus langsung rebutan suket kanthi suthang-suthangan sungu. Wis ora
kinira ngelihe, kaliren.
“Dheloken wedhus iku, Cah Bagus. Iku minangka
pralambang tumrape manungsa.”
Bondan ora mudeng ujare Yu Ponirah. Dheweke weruh
wedhus kang rebutan suket kanthi suthang-suthangan iku biyasa. Lumrah!
“Maksute?”
“Merga seka weteng kang ngelih, para kewan iku mangan
kanthi rebutan. Suthang-suthangan. Coba yen padha sareh lan radha diempet.”
“La jenenge wae wedhus kok!”
Kang Rahardi lan Yu Darsinah ngguyu merga sumaure Bondan.
“La ya mula manungsa khudu bisa mikir. Yen lelakone
mung ngurusi weteng la apa bedhane karo kewan,” ujare Kang Rahardi sinambi
mesem.
“Iku maksutku, Cah Bagus,” ujare Yu Sudarsih sinambi
mesem uga.
Bondan manthuk-manthuk tandha mudeng. Dheweke banjur
ngrasa isin, yen kahanan mau esuk semaput iku merga wetenge ora biyasa anggone
ngempet ngelih. Ya, sakumur-umur uripe mung nguja hawa. Nuruti karep.
Wong telu iku banjur melbu ana nang omah.
Wedhus-wedhus iku isih rebutan suket. Bondan kadang-kadang isih noleh mburi,
banjur madep ngarep maneh. Klasa pandan iku isih kagelar. Wong telu iku banjur
lungguh.
“Bondan, yen kowe arep golek guru, ngangsu kawruh iku
ora salah. Ananging kowe khudu ngerti lane ling marang Gusti.”
“Aku tetep kelingan Kang!” jawabe Bondan mantep.
“Caramu kelingan karo Gusti kang akarya loka iku ya
kawujudake anggonmu apik karo makluke. Wit-witan, kewan, lan manungsa!”
“Terus, Kang?”
“Marang wit-witan kowe aja ngrusak. Aja negori sak senenge
wadhukmu. Marang kewan uga aja mateni uga marang manungsa. Gaweya karyenaking
tyas sasama.”
“Bondan. Idherana donya iki. Ananging kowe kudu
ngerti, eling, lan ngabdi. Ya, manungsa iku Gusti kang katon ana ndonya. Ora
liya, ora sala ya Biyungmu!” Yu Darsinah melu ngandani.
“Gawe apa kowe pinter nganti sundhul langit, yen
marang biyungmu ora ngajeni, ora ngurmati. Sing penting wong iku dudu pintere,
dudu winasise ananging sing penting iku kepriye bisa dadi guna tumrape wong
liya, kiwa tengen. Memayu hayuning sasama, memayu hayuning bawana,” genti Kang
Rahardi kang ngandani.
Bondan ngrasa trenyuh. Pikirane campur-adhuk.
Kepikiran marang Biyunge ana omah. “ana ndonya iki aku luwih akeh nggawe becik
apa ala marang liyan, “ Bondan takon marang awake dhewe. Lambene dadi ngrasa
kelu. Getih kaya munggah, ngumpul ana bun-bunan.
“Kang, bener apa kang sampeyan babar. Wis saiki uga
aku khudu bali, kudhu ngrumat Biyungku.”
Kang Rahardi lan Yu Darsinah mung mandeng Bondan.
Tangane Bondan nyalami, banjur mlangkah galur lawang. Kang Rahardi lan Yu
Darsinah mung meneng ora sumaur. Bondan mlaku terus, dheweke banjur noleh
mburi, mandeng omahe Kang Rahardi.
Bondan kaget! Omah iku ilang saka pandhengane, rata
dadi lemah kang kebak watu lan sesuketan. Bondan banjur mlayu nyedaki. Ya, ora
ana. Banjur ngucek-ngucek mripate, nanging apa kang ana ngarepe iku tetep arupa
watu-watu lan sesuketan. Awake Bondan mrindning ora karuwan. Mengkirik. Banjur
mlayu nggeblas mudun. Ana dalan pethukan wong tuwa.
“Mbah kula niki..”
“Ana apa, Le?”
“Omah wonten nginggil niku kok ical!”
“Omah endi?”
Bondan ngacungi panggonan kang arupa watu-wati lan
sesuketan iku.
“Lo iku omahe danyang gunung iki, Le. Sapa wae sing
ditemoni marang danyang iku bakal dadi wong becik. Angger nyekel paugeran saka
printahe danyang iku. Paugeran iku yen jejeg anggonmu nyekel. Kowe bakal
nurunke wong-wonbg becik uga. Wong kang nduweni martabat.
“Jenengmu sapa, Le?”
“Bondan, Mbah!”
“Ealah, jengengmu iku Arung Bondan. Ya, ndonya bakal
mbok arungi!”
Bondan mung gedhek-gedhek ora percaya. Wong tuwa iku
banjur lunga. Bondan neruske anggone mlaku. Ya, mlaku bali menyang omahe dhewe.
“Arung Bondan?” batine Bondan. Bondan banjur mlaku, sikile tanpa leren anggone
jumangkah. Dheweke saiki ngrasa yen uripe wis kaya katata. Pikirane padhang.
Bondan mlaku nyumusup ana tengahing wit-witan.
Srengene sore saya suwe saya mbleret obore. Alas gung liwang-liwung iku saya
peteng, saya ora kadheleng netra. Bondan ilang saka pandhengan.
Cerkak iki wis diemot ing Buku Kumpulan Mitos Pesisiran.
Komentar
Posting Komentar